Sabtu, April 20, 2013

mlaku-mlaku



Plesiran Menyang Gumitir Cafe
Dening : Wonggunungan


Dhek tanggal 28 Maret 2013 kapungkur, murid-murid klas enem SD Al Furqan Jember kang cacahe 162 nganakake kegiatan Outbond ing “Gumitir Cafe” saperlu refreshing saka kegiatan UKD kang nguras pikiran amarga UKD mau nganti pirang-pirang rambahan. Ing dina kuwi murid kelas siji nganti kelas lima dipreikna dhisik amarga sakehing priyantun ing SD Al Furqan mulai saka Kepala Sekolah, Guru, TU, Satpam lan petugas kebersihan kang cacahe 90 wong uga melu saperlu ndampingi siswa kelas enem ngiras plesir.
Wiwit jam setengah pitu esuk para siswa padha diterake dening wong tuane menyang Stasiun Jember, semono uga  sakehing Guru lan karyawan SD Al Furqan siji mbaka siji teka ing Stasiun Jember. Kanggo ngadhani kegiatan kuwi pihak SD Al Furqan nyewa rong gerbong sepur “Probowangi” ( Jurusan Probolinggo-Banyuwangi ). Sasuwene ngenteni tekane sepur saka arah kulon, siswa lan guru padha foto bareng.
Ngenteni sepur ing Stasiun Jember
Sepur Probowangi teka ing Stasiun Jember jam setengah wolu saka Probolinggo, para siswa lan guru mulai munggah sepur, para siswi lan guru putri ing gerbong nomer siji lan para siswa lan guru putra ing gerbong nomer loro. Aku lungguh ing sacedhake cendhela supaya bisa nyawang panorama alam sing endhah. Sawise kabeh munggah, sepur wiwit budhal menyang mangetan jurusan Banyuwangi. Sepur mandheg angger stasiun sing diliwati. Ing Stasiun Arjasa sepur mandheg saperlu ngunggahake penumpang, ing stasiun Kotok sepur uga mandheg. Sawise ngliwati Stasiun Kotok sesawangan kang diliwati endah banget, Gunung Argopuro ing sisih lor lan sawah-sawah kang ijo royo-royo, uga gumuk-gumuk kang pating prempul sing ing ngisore akeh belik sing banyune katon bening ( cacahe akeh banget nganti Kabupaten Jember oleh julukan “Kabupaten sewu gumuk” ) kaya-kaya ngajak mripat aja nganti kedhep senajan sakklerapan.
Ing Stasiun Mayang, sepur mandheg rada suwi amarga saka arah Banyuwangi arep liwat sepur “Mutiara Timur” jurusan Surabaya. Sasuwene ngenteni liwate sepur Mutiara Timur, aku mudhun saka gerbong lan karo sawetara guru padha poto bareng, malah ing kene uga poto karo masinise sepur Probowangi. Sawise sepur Mutiara Timur liwat, sepur Probowangi budhal maneh menyang arah Banyuwangi. Ing Stasiun Kalisat sepur uga mandheg sawetara, ing kana ana persimpangan dalan sepur kang saiki  ora diliwati maneh menyang arah Bondowoso sing rele katon ndeder menyang arah lor ( kelingan pelajaran sejarah “Gerbong Maut” saka Bondowoso kang nggawa pejuang Republik Indonesia sing dadi tawanan pihak Walanda dhek taun patang puluh limaan). Sepur mandheg maneh ana Stasiun Sempolan banjur nerusake lakune menyang Stasiun Garahan.
Ing Stasiun Garahan, aku sengaja tuku sega pecel kang diiderake dening mbok-mbok bakul, amarga “pecel Garahan” wis kondhang rasane sing enak senajan tho mung nganggo kulupan junggul lan krupuk, regane yo mung telung ewu rupiah wae. Ing kene akeh guru lan murid-murid kang uga tuku Pecel Garahan. Sawise Stasiun Garahan dalan sepur ngliwati perkebunan pinus lan kopi, kala-kala ngliwati jurang kang dhuwure rong wit klapa. Lan ngliwati terowongan kang nembus gunung yen kaetung dawane kira-kira 12 detik lakune sepur. Terowongan mau sak durunge teka ing stasiun Mrawan yen saka arah Jember. Jam sanga teka Stasiun Mrawan, sepur mandheg rada suwi amarga kabeh siswa lan guru mudhun kabeh.
Foto bareng muridku ing ngarepe terowongan
Saka Stasiun Mrawan siswa lan guru mlaku liwat rel, nganti teka ing ngarepe terowongan dawa ( manut kancaku sing asli Banyuwangi dawane terowongan mau kurang luwih sak menit lakune sepur). Ing sangarepe terowongan mau aku lan muridku foto bareng kanggo kenang-kenangan. Banjur munggah dalan setapak ngliwati perkebunan kopi nuju Gumitir Kafe kang adohe kurang luwih sekilo. Akeh siswa kang sambat sikile kesel amarga dalane munggah. Sesawangan kang endah alam pegunungan Gumitir anggawe senenge pandulu.
Dalan setapak ing tengene terowongan
Sakwise tekan ing gumitir Kafe kang kondang anane “Kursi Raksasa“ kang dhuwure 3 meter lan ambane 5 meter kabeh padha ngaso sawetara karo nyawang kaendahan alam pegunungan saka kursi raksasa mau, ana kang ngiyub ing ngisore kursi raksasa lan ana kang padha nggelar klasa karo nyamil panganan kang digawa. Ing kana aku uga photo ing kursi raksasa karo murid-murid. 
Ngaso sakwise tekan kursi raksasa

Sawise leren para siswa padha antri anggone outbond , diwiwiti menek tali, liwat tali sing dipasang ing wit-wit mahoni kang duwure kurang luwih 6 meter, para guru padha nyemangati siswa-siswi sing mlaku liwat tali mau, banjur diterusake flying fox kang dipandhu dening petugase kana. Ing Kafe aku pesen unjukkan es degan gula jawa karo nikmati udara pegunungan kang sejuk, lan nyawang murid-murid sing padha outbond mau.
Siswa-siswi ngantri Outbond

 Ing cagak kafe dipajang foto-foto perkebunan kang kalebu PTPN XII dhek jaman biyen ( jaman kolonial nganthi awal kemerdekaan ). Wayah adzan dhuhur kabeh padha sholat dhuhur sing dijamak karo sholat ashar. Sawise kuwi kabeh padha dhahar. Jam setengah loro, para murid sing wis mari outbond lan sawetara Guru Karyawan padha bali menyang Stasiun Mrawan maneh amarga sepure tekane jam loro seprapat. Guru kang lagi ngandheg mudhune numpak mobil duweke sekolah. Aku lan sawijining kanca guru, lan kepala sekolah isih ngenteni telu murid kang durung kebagian outbond, nganthi kodanan. Sawise udan mandheg, banjur mudhun menyang Stasiun Mrawan.
Arep bali menyang Jember
Sepur Probowangi teka Stasiun Mrawan pas jam loro seprapat, banjur kabeh padha munggah gerbong. Sawise kuwi bali mulih menyang Stasiun Jember. Jam papat seprapat sore sepur teka ing Stasiun Jember. Ing jabane Stasiun wis akeh wali murid sing mapag putra-putrine. Aku dewe teka omah kurang luwih jam setengah lima. Ngono kuwi cerita kang bisa tak tulis ing Blog iki sawise plesir menyang Gumitir Cafe.