Jumat, Juni 21, 2013

Klangenan



BEDJO

Dening : Wonggunungan
Wis sesasi iki aku nduweni “Bedjo”, arane manuk kang tak ingu. Angonku ngingu bedjo ya kena diarani ora sengaja. Mula critane mangkene. Wektu dina minggu sore  tanggal 19 Mei 2013, kira-kira jam papat, aku karo adhiku padha ana ing mburi omah. Aku lan adhiku kang kuliah ing Poltek Jember, padha nyemir karo nyawangi tetanduran kangkung lan lombok sing tak tandur, ujug-ujug ana manuk Cendet ( Punai ) kang menclok ana ong nduwure genteng, nuli menclok ing wit kacang tunggak karo nyamber walang. Merga aku sik nyemir mula manuk kuwi tak jarna wae. Adhiku ngomong apa manuk kuwi dicekel, tak jawab engko wae lak terahna suwe gak gelem mabur maneh banjur dicekel.
Manuk Cendet mau panggah ora ngalih-ngalih, malah tingkahe kaya kepingin ngajak dolanan. Sedela mabur, nuli bali maneh menyang panggonane dhek teka mau. Saya suwe aku ya kepingin nyekel manuk mau. Alon-alon tak cedhaki, tetep meneng ora mabur, banjur tak coba nyekel, eh,,eh,, manuk cendet mau mabur enda ora adoh. Aku bali nutugna nyemir, eh la dalah, manuk cendet mau teka maneh karo nyucuki swiwine. 
gayane bedjo yen lagi ngoceh

Alon-alon tak cedhaki maneh, tak coba nyekel kaya mau, tetep ora kena, si cendet panggah bisa enda, banjur mabur bali menyang panggonan dhek tekane kawitan. Aku saya gemes kepingin nyekel manuk mau. Sepisan iki aku ora kepingin gagal nyekel manuk kang neneka mau, tangan kiwa ana ngarepe lan tangan tengen ana nduwure, akhire manuk mau kena tak cekel, sakwise kena cekel, manuk mau nyucuk tanganku.
Adhiku tak kongkon njupuk kurungan kang cumanthol ana ing pawon, kurungan mau wis rusak, nuli diresiki lan rujine sing ceklek diganteni sada. Anak lan bojoku mara menyang mburi omah amarga keprungu rame-rame, anakku katon seneng aku oleh manuk cendet. Karo anakku mbarep, sing isih kelas TK B, manuk kuwi supaya diwenehi jeneng “Bedjo”. Bojoku ya njenengna manuk kuwi “Bedjo”. Mula manuk kang tak cekel mau tak undang “ Bedjo”.
Sore kuwi jam lima, sawise reresik awak, aku ngajak adhiku tuku kurungan anyar ing pasar Gebang, regane taware sing dodol pitung puluh ewu, banjur tak nyang seket ewu diwenehna. Panggone pakan, ngombe uga por ya tak tukakna. Teka omah “ Bedjo” banjur tak pindah menyang kurungan anyar mau. Esuke aku crita menyang kancaku kang hobi ngingu manuk, jarene manuk cendet kuwi larang, lan aku takon piye carane ngingu manuk cendet mau.
Wiwit kuwi saben esuk aku nduweni tugas tambahan yaiku ngresiki kurungan, nggenti banyu ngombe, lan makani bedjo karo por lan jangkrik kang tak tuku ing pasar Gebang. Si Bedjo pinter banget ngoceh nirokkake swarane manuk liyane, bisa nirokna swara prenjak, pitik, kutilang, cucak, cocokgriyok, lan tengkek, mula aku ya seneng ngingu bedjo.
bedjo yen saka ngarep

Wayah esuk yen aku wis tangi lan bubar sholat subuh, bedjo ya ngoceh. Apamaneh yen dina minggu utawa pas dina prei ora kerja, bedjo sengaja sakwise tak semprot banyu, tak panasna ing mburi omah, ngocehe saya ora leren-leren.
“Djo....bedjo.....” ngono kuwi aku yen ngundang manuk cendet klangenanku mau. Anakku sing cilik  umur rong taun ya seneng yen tak ajak makani bedjo. Padahal sak suwene iki aku ora seneng ngingu manuk. Kancaku kang hobi manuk ngendika jarene lak aku bosen ngingu bedjo dewekke saguh ngopeni. Ana maneh sing arep nuku bedjo. Merga aku seneng, bedjo tetep tak ingu, ora bakal tak dol. Wong bedjo teka dewe kepingin tak ingu, lan maneh swarane yen lagi ngoceh pancen apik tenan.
“Djo,,,,bedjo........ayo ngoceh”. Swaraku yen ngundang bedjo.
“Djo,,,,bedjo......."
Tet..tet..tet...kriyik-kriyik-kriyik....,cip-cip-cip...,tilung-tilung....,cok-cokgriyok...cokcok griyok..., tir-tir...cinglek-cingklek-cingklek,,,,wet-wet..kolik-kolik...” ngono kuwi ngocehe bedjo, si manuk cendet klangenanku.