Ngudi Kawruh Kurikulum 2013
Dening : Wonggunungan
Dhek Kamis 12 September 2013 samulihe saka pamulangan, aku
direwangi garwaku ngepaki sandangan lan piranti kang kudu digawa menyang
Surabaya, amarga arep melu pelatihan Training
Of Trainer (TOT) Kurikulum 2013 kang dianakake Kualita Pendidikan Indonesia (KPI) Surabaya. Sore iku aku lan
mitraku para guru sasekolahan kang cacahe sepuluh budhal saka Jember jam lima
numpak travel. Mitraku ana sing nggawa putrine kang isih umur 8 sasi lan
setaun, mulane sing biasane momong ya diajak pisan menyang Surabaya. Ing
perjalanan sadurunge “ Buk Panjang “
Kedung Jajang-Lumajang ana antrian dawa amarga dalane munggah tur akeh truk
gandeng kang liwat, sawise ngliwati Kedung Jajang aku turu nganti ora weruh travel
sing tak tumpaki wis teka ing rumah makan “
Bromo Asri “ Probolinggo jam setengah sanga bengi. Ing kono aku karo
mitraku padha nindhakake sholat Magrib sing dijamak karo sholat Isya’. Sawise
sholat padha pesen dhaharan kang dikersakake, amarga adhem aku pesen “ Nasi Soto Madura” lan “ Jeruk manis Anget”. Mitraku ya pesen
sing dhaharan kang disenengi. Jam sanga luwih seprapat, rombangan budhal maneh
menyang Surabaya, ing perjalanan aku turu maneh, ngerti-ngerti travel wis teka
Gayungsari- Surabaya, panggonanku pelatihan yaiku ing “ Balai Diklat PU Wilayah IV Surabaya “ daerah Gayungsari. Teka
panggonan pelatihan jam rolas bengi. Aku sakamar karo mitraku Ustadz Fahri,
sawise nata barang aku langsung turu, mitraku isih browsing internet jarene
nganti jam loro bengi.
Penulis ( lagi nulis ) karo ustadz Fahri lan ustadz Faiz wektu kerja kelompok |
Dina kapisan acarane dimulai jam setengah wolu isuk, acar dibuka
dening direktur KPI Surabaya ustadz Shobi, karo pemateri tunggal saka Pusat
Kurikulum Kemdiknas ibu Hj. Dra Lily Nurlaili, M.Ed nganti jam limo sore.
Materine yakuwi mbahas paradigma perubahan kurikulum 2013 lan pendekatan
tematik integratif nganggo pendekatan Scientific. Jam pitu bengi masuk ruangan maneh kanggo kerja
kelompok telaah buku tematik kang diterbitna dening Kemdiknas sing dipandu dening kanca-kanca master trainer KPI. Nyata saka
telaah kuwi yen buku mau isih perlu penyempurnaan amarga indikator sing setitik
ketimbang Kompetensi dasar. Acara dina
sepisan nganti jam sanga bengi.
Dina kapindho acarane panggah dimulai jam setengah wolu isuk
nganti awan sholat Jum’at. Terus nyambung maneh nganti jam lima sore. Materine
yaiku proses penilaian sing kudu diterapna guru ing kegiatan pembelajaran
tematik, lan penyusunan RPP tematik sing bener. Bakda isya’ acarane diskusi
kelompok kanggo nyusun RPP sing kanggo presentasi dina sesukke. Aku sak
kelompok karo direktur Wafa ustadz Ahmad
Faiz. Dina kapindho acara ditutup jam setengah sepuluh bengi.
Dina terakhir acara isih tetep dimulai jam setengah wolu isuk
nganti penutupan jam lima sore. Acarane yaiku peerteaching, saka tiap kelompok. Acara iki paling seru amarga kang
dadi murid yaiku para peserta guru lan tariner uga master trainer saka KPI
Surabaya kang wis kondang kaloka ing sekolah-sekolah islam sak nuswantara. Sing maju peerteaching kudu bisa maju kaya RPP sing digawe dhek bengine.
Ing kene aku kangelan , ana bagian pembelajaran sing durung tak laksanakna
amarga RPPne kanggo sedina, nanging panitia menehi waktu peerteaching mung rong
puluh menit.
Aku ya tampil peerteaching
amarga kancaku sak kelompok yaiku ustadz Ahmad Faiz ora kersa perteaching. Sakwise perwakilan kelompok maju, banjur dipilh papat penampil terapik,
yakuwi perwakilan saka SD Al Furqan Jember, SDI Al Ikhlas Lumajang, lan loro SD
saka Malang, aku lali jenenge SDne.
Wis acarane gayeng eram pokoke. Sak rampunge acara penutupan, aku
karo kancaku packing barang lan sholat magrib sing dijamak karo isya’. Travel
wis ngenteni ing ngarepe penginapan. Kancaku siji sing nggawa putrane dijemput
karo garwane sing nggawa mobil pribadi, dadi ing jero travel malah saya
lodhang. Mobil travel tekan rumah makan “ Bromo Asri ” jam setengah sanga. Banjur padha pesen dhaharan, aku pesen “ nasi goreng Jawa” lan ‘jeruk manis
anget”. Saksuwene ngenteni pesenan, aku karo kanca-kanca padha golek oleh-oleh
kanggo keluarga sing ditinggal sasuwene telung dina mau. Jam sanga seprapat
travel budhal maneh tumuju Jember. Ing dalan tak sempatna turu amarga sesuke
kudu mulang. Jam setengah rolas bengi travel tekan Jember. Aku banjur njupuk
sepedah sing tak titipna ing daleme ustadz fahri kancaku. Aku tekan omah jam
rolas bengi, sing dienteni karo anak lan garwaku. Dina senen sesuke kabeh padha
mulang, awak sayah wis ora dirasa maneh. Muga-muga anggonku ngudi kawruh karo
kanca-kancaku ing Surabaya ndadekake seserepan sing migunani tumrap pelaksanaan
kurikulum 2013 ing sekolahku. Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar