Jumat, Juli 27, 2012

Nggawe mie kuah

Resep mie kuah ala wong nggunung

dening : wong gunungan 
     
        Nalika aku kuliah mbiyen, aku biasane masak dhewe supaya bisa ngirid ing wragat. Ngono iku tak tindakkake wiwit semester siji nganti lulus. Biasane bar subuh aku mulai masak ( adang, lan nggawe sayuran sing kirane murah tapi bergizi ) menu sing sering yaiku sega liwet karo eseng-eseng ( kacang/terong/sawi ) lan endog ceplok, utawa sega liwet karo jangan bening/sop lan pindang goreng. ( menu sabendinane ).
          Ana maneh menu khusus ala chef wong gunungan kang arep tak tulis ing kene yakuwi " mie kuah ala wong gunungan " resepe gampang tur mirasa ( manut bojoku ). Carane nggawe kaya mangkene :
1. brambang sasiyung dibuang kulite terus diumbah sing resik banjur diiris tipis.
2. bawang godong sakwit diresiki terus diumbah sing resik banjur diketok-ketok.
3. tomat loro diumbah sing resik banjur diiri-iris.
4. lombok rawit ( tergantung selerane ) diumbah resik banjur diiris.
5. bumbune ( wis otomatis ana ning jerone mie instan sing arep digawe ) ditambahi lenga klentik saksendok,   uyah sakcukupe.
( bahan nomer siji nganti limo mau dilebokke ing tuwung/mangkok ).
6.  sayuran ( bisa kubis rong lembar utawa sawi saiket lan timun ) diumbah resik banjur diiris cilik-cilik.
7. urang ebi sakjumput diumbah resik.
8. nggodok banyu kanggo kuah lan masak miene mau, sawise banyu umob saperangan dituang ing tuwung sing wis ana bahan nomer siji nganti papat mau.
9. saperangan banyu kanggo nggodog mie, sayuran lan urang ebi ( dibarengke ). sawise mateng kabeh ticampur karo bahan liyane ing tuwung. Banyu kanggo ngodog mie lan sayuran aja nganti katut.
10. diudek supaya bumbune campur dadi siji lan siap didhahar.
         Resep iki nganti saiki isih tak gawe, apamaneh lak ana tugas nglembur lan biasane bojoku ya njaluk digawekna ( jarene rasane mantap ). Apamaneh yen ing njaba umah udane ora leren-leren.
Sumangga .......


Rabu, Juli 25, 2012

Mersudi Kawruh IPTEK


Wong urip kudune tansah mbudidaya kawruh ( pengetahuan ), amarga ing jaman saiki kemajuan ilmu lan teknologi prasasat kaya sakedepan netra. Kemajuan kang pesat dimulai saka kemajuan ing babagan teknologi informasi, nganti nggampangke antara siji lan sijine wong kanggo komunikasi, saengga ora dibatasi wektu lan panggonan.
Dhek jaman biyen yen arepe weneh kabar tumrap sawijining pawongan mbutuhake wektu sing suwe lan wragat kang akeh. kayata mangkene ; yen Raja kepingin menehi parentah utawa wara-wara tumrap para Lurah utawa Demang kudu ngutus juruwarta siji utawa luwih punggawa kang nitih jaran, ngliwati gunung mudhun jurang terbis, ngambah alas gung liwang-liwung sauntara uga nyabrang sagara nganti tekan panggonan kang dituju. Ngono kuwi katindhakna nganti pirang-pirang dina utawa pirang-pirang sasi.
Ing jaman saiki kanthi perkembangan kang pesat  babagan teknologi informasi, kadadeyan kaya ing dhuwur mau ora ana babar pisan. piranti komunikasi modern kayata; handphone, telpon, faximili, internet wis dudu barang kang langka. Kanthi piranti mau saiki yen arep takon kabar marang sawijining sanak kadang utawa mitra wis ora kangelan, cukup ngerti nomer hp-ne lan sing penting maneh duwe pulsa wis bisa omong-omongan ngnggo hp. Kang luwih canggih maneh yen hp-ne luwih canggih, malah bisa katon tingkah polahe wong kang diajak nelpon kayadene adep-adepan langsung.
Mulane irah-irahan tulisan iki " Mersudi Kawruh IPTEK" ngandakake yen ing jaman saiki sakliyane piranti telpon lan hp, ana maneh kang luwih modern yaiku komunikasi lewat internet. Sing dimaksud ning kene yaiku Facebook, Twitter, Blogger, lan liya-liyane.