Kamis, Maret 26, 2015

Ceritaku



Si Kembar Candramawa
Dening ; Wonggunungan

                Sepasar anggonku repot amarga duwe gawe ngedekake omah kang diwiwiti tanggal 28 September 2014, ana kucing neneka ning omah kontrakkanku. Ora ngerti saka ngendi asale, ning sing mesthi kucing mau sajakke meteng tuwa. Ning omah saben dina pancen repot amarga kudu ngrumati para kadang tukang lan laden kang cacahe sepuluh saka Ambulu lan Lumajang, sarene  lang dhahare yo ning nggonku. Apa merga sabendina masak iwak dadi kucing mau krasan ning omahku lan merga dipakani karo ibuku. Kucing neneka mau ora gelem lunga saka panggonanku.
Si Kembar sadurunge di tinggal babonne
          Seminggu suwene kucing mau sajak nglentrih, dipakani ora gelem dipangan. Bengine bojoku ngimpi nglairke bocah loro kembar, angen-angene bojoku wong gak mbobot kok nglairne anak kembar ki piye. Kaya adate sabendina bojoku tangi jam setengah papat isuk, lha ngepasi arep sholat tahajud meruhi ana anak kucing loro ning pojoke pasholatan. Jebule sing nglairne kembar yo kucing sing neneka mau. Rupane anak kucing mau putih karo belang abang.
          Kucing mau katone sayang banget karo anakke. Anakku sing cilik ya seneng meruhi anake kucing mau, kadang-kadang ya dipondhong mrana-mrene. Bareng anake kucing wis bisa mangan dewe, ning sawijine dina isuk, aku karo bojoku isih meruhi babone. Nanging awan nganti sore ora katon babar pisan, sing aneh anake kucing kang cacahe loro mau ora meang-meong nggoleki babonne. Apa karo babonne wis dipeseni sengaja arep ditinggal, lan dititipne supaya tak rumati. Nganti aku pindahan omah babonne ora katon babar pisan.
Ringgo lan Pussy turu ning kursi
          Wektu aku pindahan saka kontrakkan menyang omahku dewe tanggal 31 Desember 2014. Anak kucing loro mau yo dipondhong karo anakku sing cilik. Malem tahun baru 2015, Alhamdulillah......aku lan anak bojo bisa ngrasakke turu ning omahe dewe. Kucing lanang sing putih dijenengke “Ringgo” karo anakku sing cilik, Sing wedok belang abang dijenengke “ Pussy” karo anakku sing mbarep.
          Saben minggu kucing mau didusi karo shampo, dadi wulune katon resik lan wangi....yen wis ngono karo anakku dipondhongi ngalor ngidul...lan saiki setahun sawise “Si Bedjo” minggat aku duweni ingon-ingon “Si Kembar Candramawa“.

Klangenan



Bedjo Minggat

Dening; Wonggunungan

Dhek preian semester siji, Desember 2013 wingi, wayahe bocah-bocah padha prei sekolah.  Ananging kanggoku lan kanca-kanca wali kelas papat ning sekolahanku malah ora prei, amarga kudu ngrampungake rapot anyar kurikulum 2013 sing arupa deskripsi. Awal prei aku mung bisa prei sedina ngeterke anak lan bojoku sing kangen karo “Nang lan Dhoke” ning Nganjuk. Sesuke aku langsung bali menyang Jember amarga wis janjian karo kanca-kanca wali kelas papat yen arep ngerjakna rapot bareng-bareng ning sekolah.
Preian adoh karo anak bojo rasane piye ngono, ning amarga wis dadi kuwajiban kudu ngrampungke rapot. ........terus gandenge karo irah-irahan mau apa???
Wis pirang-pirang dina yen isuk nganti sore aku ning sekolah karo kanca-kancaku nyoba ngrampungke rapot mau. Tanggal 30 Desember 2013 aku nganti tengah wengi ning omah wis rampung gawe deskripsi rapot, nanging ana babagan siji sing nganeh-anehi, padahal rumus ya wis bener, ning salah sijine muatan pelajaran matematika yen di layout metune mung angka nol. Lha merga prekara iki isuk bar sholat subuh laptop tak bukak maneh, tak utak-atik rumuse, lan tak delok maneh datane ya bener, nganti aku telpon kancaku sing pinter babagan komputer, tapi jik ora ana asile. Nganti jam pitu isuk aku ora ngecek piye kahanane “Bedjo”si manuk Cendet klangenanku. Biasane saben isuk mesthi tak ganti banyu ngombene lan tak tambahi pakane, ning isuk iku aku blas ora mikir bedjo, merga pikirku judeg mikiri rapot.
 Tanggal 31 Desember 2013 jam wolu isuk aku budhal nyang sekolah, langsung masalahku mau ya tak kandhakna nyang kancaku, malah kancaku nelpon kenalane sing ning Probolinggo njaluk solusi piye yen ana kasus mangkono, kandhane kon ngecek data awal, masalah iki nganti jam 10 durung mari. Bareng aku wis kesel, tak coba neliti data awal, pancen ana salah siji data sing sisip. Bareng wis rampung banjur aku ngeprint rapot mau, saben siswa cacahe wolung lembar. Aku ngeprint nganti jam papat sore, banjur nglebokna lembaran rapot ning kelas nganti bakda maghrib. Arep langsung moleh ora iso, amarga udane deres , aku moleh saka sekolah jam wolu bengi, nanging kancaku ora moleh amarga durung mari datane. Kancaku ya padha karo aku, anak lan bojone ya diungsekna ning omahe mbahe amarga arep ngrampungke rapot mau.
Tekan omah wis jam setengah sanga bengi, kahanan sepi mamring, lampu ora ana sing mekan amarga omah suwung, isuk mau aku ya gak nguripi lampu. Bar nglebokna sepeda, aku kerasa ana sing ora beres. Bener wae nalika aku nyang ruang tamu, biasane “bedjo” mesti ngoce yen aku teka, ning wengi iku kok sepi. Suarane Bedjo sing pating ceruit kok ora ana.
“Apa bedjo mati?” pikirku. Nanging yen mati kok kiraku ora, amarga “Bedjo” dhek Riyaya Idul Fitri kae  tau tak tinggal patang dina ora mati. Alon tak dukna kurungane, lha “bedjo” kok ora ana. Bareng tak teliti kurungane ana ruji siji sing putul, apa merga bedjo wedi amarga peteng dedet terus polah lan biso mbrobos......malem tahun anyar 2014 “ Bedjo” minggat. Padahal wis wong telu sing nawar awakmu arep dituku ora tak wenehke, merga aku seneng ngingu kowe. Lha kok kowe malah minggat ki piye?
Bedjo....oh bedjo, kowe lunga kok ora kandha dhisik, apa merga rumangsa ora tak gatekna dina kuwi.
Bedjo....oh bedjo,  yo wis yen awakmu pingin bebas ora dikurung tak lilakna.