Kamis, Maret 26, 2015

Klangenan



Bedjo Minggat

Dening; Wonggunungan

Dhek preian semester siji, Desember 2013 wingi, wayahe bocah-bocah padha prei sekolah.  Ananging kanggoku lan kanca-kanca wali kelas papat ning sekolahanku malah ora prei, amarga kudu ngrampungake rapot anyar kurikulum 2013 sing arupa deskripsi. Awal prei aku mung bisa prei sedina ngeterke anak lan bojoku sing kangen karo “Nang lan Dhoke” ning Nganjuk. Sesuke aku langsung bali menyang Jember amarga wis janjian karo kanca-kanca wali kelas papat yen arep ngerjakna rapot bareng-bareng ning sekolah.
Preian adoh karo anak bojo rasane piye ngono, ning amarga wis dadi kuwajiban kudu ngrampungke rapot. ........terus gandenge karo irah-irahan mau apa???
Wis pirang-pirang dina yen isuk nganti sore aku ning sekolah karo kanca-kancaku nyoba ngrampungke rapot mau. Tanggal 30 Desember 2013 aku nganti tengah wengi ning omah wis rampung gawe deskripsi rapot, nanging ana babagan siji sing nganeh-anehi, padahal rumus ya wis bener, ning salah sijine muatan pelajaran matematika yen di layout metune mung angka nol. Lha merga prekara iki isuk bar sholat subuh laptop tak bukak maneh, tak utak-atik rumuse, lan tak delok maneh datane ya bener, nganti aku telpon kancaku sing pinter babagan komputer, tapi jik ora ana asile. Nganti jam pitu isuk aku ora ngecek piye kahanane “Bedjo”si manuk Cendet klangenanku. Biasane saben isuk mesthi tak ganti banyu ngombene lan tak tambahi pakane, ning isuk iku aku blas ora mikir bedjo, merga pikirku judeg mikiri rapot.
 Tanggal 31 Desember 2013 jam wolu isuk aku budhal nyang sekolah, langsung masalahku mau ya tak kandhakna nyang kancaku, malah kancaku nelpon kenalane sing ning Probolinggo njaluk solusi piye yen ana kasus mangkono, kandhane kon ngecek data awal, masalah iki nganti jam 10 durung mari. Bareng aku wis kesel, tak coba neliti data awal, pancen ana salah siji data sing sisip. Bareng wis rampung banjur aku ngeprint rapot mau, saben siswa cacahe wolung lembar. Aku ngeprint nganti jam papat sore, banjur nglebokna lembaran rapot ning kelas nganti bakda maghrib. Arep langsung moleh ora iso, amarga udane deres , aku moleh saka sekolah jam wolu bengi, nanging kancaku ora moleh amarga durung mari datane. Kancaku ya padha karo aku, anak lan bojone ya diungsekna ning omahe mbahe amarga arep ngrampungke rapot mau.
Tekan omah wis jam setengah sanga bengi, kahanan sepi mamring, lampu ora ana sing mekan amarga omah suwung, isuk mau aku ya gak nguripi lampu. Bar nglebokna sepeda, aku kerasa ana sing ora beres. Bener wae nalika aku nyang ruang tamu, biasane “bedjo” mesti ngoce yen aku teka, ning wengi iku kok sepi. Suarane Bedjo sing pating ceruit kok ora ana.
“Apa bedjo mati?” pikirku. Nanging yen mati kok kiraku ora, amarga “Bedjo” dhek Riyaya Idul Fitri kae  tau tak tinggal patang dina ora mati. Alon tak dukna kurungane, lha “bedjo” kok ora ana. Bareng tak teliti kurungane ana ruji siji sing putul, apa merga bedjo wedi amarga peteng dedet terus polah lan biso mbrobos......malem tahun anyar 2014 “ Bedjo” minggat. Padahal wis wong telu sing nawar awakmu arep dituku ora tak wenehke, merga aku seneng ngingu kowe. Lha kok kowe malah minggat ki piye?
Bedjo....oh bedjo, kowe lunga kok ora kandha dhisik, apa merga rumangsa ora tak gatekna dina kuwi.
Bedjo....oh bedjo,  yo wis yen awakmu pingin bebas ora dikurung tak lilakna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar