Si Kembar Candramawa
Dening ; Wonggunungan
Sepasar
anggonku repot amarga duwe gawe ngedekake omah kang diwiwiti tanggal 28
September 2014, ana kucing neneka ning omah kontrakkanku. Ora ngerti saka
ngendi asale, ning sing mesthi kucing mau sajakke meteng tuwa. Ning omah saben
dina pancen repot amarga kudu ngrumati para kadang tukang lan laden kang cacahe
sepuluh saka Ambulu lan Lumajang, sarene
lang dhahare yo ning nggonku. Apa merga sabendina masak iwak dadi kucing
mau krasan ning omahku lan merga dipakani karo ibuku. Kucing neneka mau ora
gelem lunga saka panggonanku.
![]() | |
Si Kembar sadurunge di tinggal babonne |
Seminggu suwene kucing mau sajak
nglentrih, dipakani ora gelem dipangan. Bengine bojoku ngimpi nglairke bocah
loro kembar, angen-angene bojoku wong gak mbobot kok nglairne anak kembar ki piye.
Kaya adate sabendina bojoku tangi jam setengah papat isuk, lha ngepasi arep
sholat tahajud meruhi ana anak kucing loro ning pojoke pasholatan. Jebule sing
nglairne kembar yo kucing sing neneka mau. Rupane anak kucing mau putih karo
belang abang.
Kucing mau katone sayang banget karo
anakke. Anakku sing cilik ya seneng meruhi anake kucing mau, kadang-kadang ya
dipondhong mrana-mrene. Bareng anake kucing wis bisa mangan dewe, ning sawijine
dina isuk, aku karo bojoku isih meruhi babone. Nanging awan nganti sore ora
katon babar pisan, sing aneh anake kucing kang cacahe loro mau ora meang-meong
nggoleki babonne. Apa karo babonne wis dipeseni sengaja arep ditinggal, lan
dititipne supaya tak rumati. Nganti aku pindahan omah babonne ora katon babar
pisan.
![]() | |
Ringgo lan Pussy turu ning kursi |
Wektu aku pindahan saka kontrakkan
menyang omahku dewe tanggal 31 Desember 2014. Anak kucing loro mau yo
dipondhong karo anakku sing cilik. Malem tahun baru 2015,
Alhamdulillah......aku lan anak bojo bisa ngrasakke turu ning omahe dewe.
Kucing lanang sing putih dijenengke “Ringgo”
karo anakku sing cilik, Sing wedok belang abang dijenengke “ Pussy” karo anakku sing mbarep.
Saben minggu kucing mau didusi karo
shampo, dadi wulune katon resik lan wangi....yen wis ngono karo anakku
dipondhongi ngalor ngidul...lan saiki setahun sawise “Si Bedjo” minggat aku duweni ingon-ingon “Si Kembar Candramawa“.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar