Kamis, Maret 26, 2015

Ceritaku



Si Kembar Candramawa
Dening ; Wonggunungan

                Sepasar anggonku repot amarga duwe gawe ngedekake omah kang diwiwiti tanggal 28 September 2014, ana kucing neneka ning omah kontrakkanku. Ora ngerti saka ngendi asale, ning sing mesthi kucing mau sajakke meteng tuwa. Ning omah saben dina pancen repot amarga kudu ngrumati para kadang tukang lan laden kang cacahe sepuluh saka Ambulu lan Lumajang, sarene  lang dhahare yo ning nggonku. Apa merga sabendina masak iwak dadi kucing mau krasan ning omahku lan merga dipakani karo ibuku. Kucing neneka mau ora gelem lunga saka panggonanku.
Si Kembar sadurunge di tinggal babonne
          Seminggu suwene kucing mau sajak nglentrih, dipakani ora gelem dipangan. Bengine bojoku ngimpi nglairke bocah loro kembar, angen-angene bojoku wong gak mbobot kok nglairne anak kembar ki piye. Kaya adate sabendina bojoku tangi jam setengah papat isuk, lha ngepasi arep sholat tahajud meruhi ana anak kucing loro ning pojoke pasholatan. Jebule sing nglairne kembar yo kucing sing neneka mau. Rupane anak kucing mau putih karo belang abang.
          Kucing mau katone sayang banget karo anakke. Anakku sing cilik ya seneng meruhi anake kucing mau, kadang-kadang ya dipondhong mrana-mrene. Bareng anake kucing wis bisa mangan dewe, ning sawijine dina isuk, aku karo bojoku isih meruhi babone. Nanging awan nganti sore ora katon babar pisan, sing aneh anake kucing kang cacahe loro mau ora meang-meong nggoleki babonne. Apa karo babonne wis dipeseni sengaja arep ditinggal, lan dititipne supaya tak rumati. Nganti aku pindahan omah babonne ora katon babar pisan.
Ringgo lan Pussy turu ning kursi
          Wektu aku pindahan saka kontrakkan menyang omahku dewe tanggal 31 Desember 2014. Anak kucing loro mau yo dipondhong karo anakku sing cilik. Malem tahun baru 2015, Alhamdulillah......aku lan anak bojo bisa ngrasakke turu ning omahe dewe. Kucing lanang sing putih dijenengke “Ringgo” karo anakku sing cilik, Sing wedok belang abang dijenengke “ Pussy” karo anakku sing mbarep.
          Saben minggu kucing mau didusi karo shampo, dadi wulune katon resik lan wangi....yen wis ngono karo anakku dipondhongi ngalor ngidul...lan saiki setahun sawise “Si Bedjo” minggat aku duweni ingon-ingon “Si Kembar Candramawa“.

Klangenan



Bedjo Minggat

Dening; Wonggunungan

Dhek preian semester siji, Desember 2013 wingi, wayahe bocah-bocah padha prei sekolah.  Ananging kanggoku lan kanca-kanca wali kelas papat ning sekolahanku malah ora prei, amarga kudu ngrampungake rapot anyar kurikulum 2013 sing arupa deskripsi. Awal prei aku mung bisa prei sedina ngeterke anak lan bojoku sing kangen karo “Nang lan Dhoke” ning Nganjuk. Sesuke aku langsung bali menyang Jember amarga wis janjian karo kanca-kanca wali kelas papat yen arep ngerjakna rapot bareng-bareng ning sekolah.
Preian adoh karo anak bojo rasane piye ngono, ning amarga wis dadi kuwajiban kudu ngrampungke rapot. ........terus gandenge karo irah-irahan mau apa???
Wis pirang-pirang dina yen isuk nganti sore aku ning sekolah karo kanca-kancaku nyoba ngrampungke rapot mau. Tanggal 30 Desember 2013 aku nganti tengah wengi ning omah wis rampung gawe deskripsi rapot, nanging ana babagan siji sing nganeh-anehi, padahal rumus ya wis bener, ning salah sijine muatan pelajaran matematika yen di layout metune mung angka nol. Lha merga prekara iki isuk bar sholat subuh laptop tak bukak maneh, tak utak-atik rumuse, lan tak delok maneh datane ya bener, nganti aku telpon kancaku sing pinter babagan komputer, tapi jik ora ana asile. Nganti jam pitu isuk aku ora ngecek piye kahanane “Bedjo”si manuk Cendet klangenanku. Biasane saben isuk mesthi tak ganti banyu ngombene lan tak tambahi pakane, ning isuk iku aku blas ora mikir bedjo, merga pikirku judeg mikiri rapot.
 Tanggal 31 Desember 2013 jam wolu isuk aku budhal nyang sekolah, langsung masalahku mau ya tak kandhakna nyang kancaku, malah kancaku nelpon kenalane sing ning Probolinggo njaluk solusi piye yen ana kasus mangkono, kandhane kon ngecek data awal, masalah iki nganti jam 10 durung mari. Bareng aku wis kesel, tak coba neliti data awal, pancen ana salah siji data sing sisip. Bareng wis rampung banjur aku ngeprint rapot mau, saben siswa cacahe wolung lembar. Aku ngeprint nganti jam papat sore, banjur nglebokna lembaran rapot ning kelas nganti bakda maghrib. Arep langsung moleh ora iso, amarga udane deres , aku moleh saka sekolah jam wolu bengi, nanging kancaku ora moleh amarga durung mari datane. Kancaku ya padha karo aku, anak lan bojone ya diungsekna ning omahe mbahe amarga arep ngrampungke rapot mau.
Tekan omah wis jam setengah sanga bengi, kahanan sepi mamring, lampu ora ana sing mekan amarga omah suwung, isuk mau aku ya gak nguripi lampu. Bar nglebokna sepeda, aku kerasa ana sing ora beres. Bener wae nalika aku nyang ruang tamu, biasane “bedjo” mesti ngoce yen aku teka, ning wengi iku kok sepi. Suarane Bedjo sing pating ceruit kok ora ana.
“Apa bedjo mati?” pikirku. Nanging yen mati kok kiraku ora, amarga “Bedjo” dhek Riyaya Idul Fitri kae  tau tak tinggal patang dina ora mati. Alon tak dukna kurungane, lha “bedjo” kok ora ana. Bareng tak teliti kurungane ana ruji siji sing putul, apa merga bedjo wedi amarga peteng dedet terus polah lan biso mbrobos......malem tahun anyar 2014 “ Bedjo” minggat. Padahal wis wong telu sing nawar awakmu arep dituku ora tak wenehke, merga aku seneng ngingu kowe. Lha kok kowe malah minggat ki piye?
Bedjo....oh bedjo, kowe lunga kok ora kandha dhisik, apa merga rumangsa ora tak gatekna dina kuwi.
Bedjo....oh bedjo,  yo wis yen awakmu pingin bebas ora dikurung tak lilakna.

Rabu, November 06, 2013

mlaku-mlaku



Mbaturi Anakku
Dening ; Wonggunungan


Dhek Minggu 27 September 2013 kapungkur, aku sakluarga dolan menyang PDP Gunung Pasang Jember. Dolanku karo anak bojo merga ngetutna anakku mbarep sing melu acara Lukis lan Mewarnai Bersama “ Sanggar Lukis SD Al Furqan Jember “. Acara iki ngono dianakna saben tahun. Pesertane yo murid-murid SD Al Furqan kelas 1 nganti kelas 5 sing melu ekstra  kurikuler lukis. Dina minggu isuk kabeh peserta lukis diterna wong tuane kumpul ning SD Al Furqan Jember. Jam setengah pitu kabeh peserta pada absen lan donga bareng sakdurunge budhal, kabeh peserta numpak bis kang cacahe papat. Pertamane anakku arep ora gelem budhal amarga numpak bis, tapi bareng tak jelasna ning bis akeh kancane, dhekke dadi gelem.
Anakku kang kelas siji numpak bis nomer siji sing nganggo AC, bis nomer loro nganti papat ora nganggo AC. Sakwise bis budhal, aku karo bojoku lan anakku sing nomer loro banjur ngetutna karo numpak sepeda motor. Dolan menyang PDP gunung pasang ngelingna nalika isih kuliah biyen nate “ Studi Lapangan “ menyang air terjun ‘Tancak’, lan ngelingna nalika daerah iku kena banjir bandang tahun 2006. Kahanane kaya-kaya daerah iku ora tau diterjang banjir bandang, amarga tilase kang taun 2006 kapungkur ora ketara babar pisan. Papan sing isih panggah kaya nalika isih banjir bandang biyen yaiku jembatan darurat ing pasar Bunut. Ning pertelon pasar Bunut sing tahun 2006 tau rata kena banjir bandang perjalanan rada macet, amarga pas ning tikungan ana kegiatan  masyarakat lan dalane cilik, dadi bis ora bisa salipan karo truk. Lan jembatan darurat sing rusak tahun 2006 isih digunakna kanggo nyebrang kali, amarga jembatan sing anyar isih didandani.
Saperangan siswa-siswi mewarnai 
saperangan siswa-siswi lukis

   Nanging saiki kahanane PDP Gunung pasang luwih asri amarga ning kana ana fasilitas ‘ Outbond’.Tekan Perkebunan Gunung Pasang sing arupa perkebunan karet lan kopi kurang luwih jam setengah wolu. Hawa adem langsung kerasa amarga PDP Gunung Pasang ana ing kurang luwih 800 meter saka permukaan laut.  Ing kana ana pemandangan sing unik yaiku “Mesin Uap” gawenan Inggris tahun 1917 kang dipajang ana ing papan kanggo outbond. Pondok-pondok kanggo ngaso ing sakpinggiri kali sing bening kurang luwih telu cacahe, papan kanggo fliying fox saka sabrange kali nambahi unike papan outbond ing kono. Ning kana akeh bocah-bocah saka persil kono sing padha nglangi ing kali sing banyune bening lan adem. 
Kode produksi mesin uap
Mesin uap gawenan Inggris

Sakwise bocah-bocah padha oleh papan kanggo lukis lan mewarnai, aku sempat foto ning ngarepe mesin uap mau karo anakku sing nomer loro, karo ngetutna anakku sing nomer loro mrana-mrene lan penekan ning papan wesi.  Banjur aku karo bojoku lan anakku sing nomer loro mlaku-mlaku nikmati pemandangan alam pegunungan kang asri. Banjur golek warung kanggo ngopi lan camilan. Manut ature mbok bakul ing warung, listrik mung urip jam 5 sore nganti jam 10 bengi, amarga nganggo diesel sing ana ing Loji ( umahe sinder ). Dadi yen wayah awan ora bisa ngeces baterene HP apamaneh ndelok TV utawa nyetrika.
Katon papan kanggo fliyingfox ing sebrang kali
Perumahan karyawan PDP Gunung Pasang

Sakwise mlaku-mlaku kau karo bojoku bali menyang panggone lukis, ing kana anakku sing mbarep wis rampung anggone mewarnai. Banjur dheweke njaluk es lilin karo pentol cilok. Sakwise kuwi peserta padha maem bareng sing disediakna pihak sekolah. Bubar maem bareng, peserta lukis lan mewarnai padha diajak mlaku-mlaku ngubengi sakiwa tengenene papan outbond mau. Sakwise mlaku-mlaku banjur acara lukis lan mewarnai mau bubar, lan peserta padha bali menyang sekolah numpak bis maneh. Nanging anakku ora melu numpak bis, aku ijin karo panitiane yen anakku mulihe bareng karo aku, amarga isih ana acara liyane. Anakku katon seneng banget melu acara lukis bareng   iki amarga iki sing pertama kanggo deweke. Aku sakluarga tekan omah jam setengah siji awan. Nuwun.

Sabtu, Oktober 12, 2013

ngudi kawruh



Ngudi Kawruh Kurikulum 2013
Dening : Wonggunungan
Dhek Kamis 12 September 2013 samulihe saka pamulangan, aku direwangi garwaku ngepaki sandangan lan piranti kang kudu digawa menyang Surabaya, amarga arep melu pelatihan Training Of Trainer (TOT) Kurikulum 2013 kang dianakake Kualita Pendidikan Indonesia (KPI) Surabaya. Sore iku aku lan mitraku para guru sasekolahan kang cacahe sepuluh budhal saka Jember jam lima numpak travel. Mitraku ana sing nggawa putrine kang isih umur 8 sasi lan setaun, mulane sing biasane momong ya diajak pisan menyang Surabaya. Ing perjalanan sadurunge “ Buk Panjang “ Kedung Jajang-Lumajang ana antrian dawa amarga dalane munggah tur akeh truk gandeng kang liwat, sawise ngliwati Kedung Jajang aku turu nganti ora weruh travel sing tak tumpaki wis teka ing rumah makan “ Bromo Asri “ Probolinggo jam setengah sanga bengi. Ing kono aku karo mitraku padha nindhakake sholat Magrib sing dijamak karo sholat Isya’. Sawise sholat padha pesen dhaharan kang dikersakake, amarga adhem aku pesen “ Nasi Soto Madura” lan “ Jeruk manis Anget”. Mitraku ya pesen sing dhaharan kang disenengi. Jam sanga luwih seprapat, rombangan budhal maneh menyang Surabaya, ing perjalanan aku turu maneh, ngerti-ngerti travel wis teka Gayungsari- Surabaya, panggonanku pelatihan yaiku ing “ Balai Diklat PU Wilayah IV Surabaya “ daerah Gayungsari. Teka panggonan pelatihan jam rolas bengi. Aku sakamar karo mitraku Ustadz Fahri, sawise nata barang aku langsung turu, mitraku isih browsing internet jarene nganti jam loro bengi.
Penulis ( lagi nulis ) karo ustadz Fahri lan ustadz Faiz wektu kerja kelompok
Dina kapisan acarane dimulai jam setengah wolu isuk, acar dibuka dening direktur KPI Surabaya ustadz Shobi, karo pemateri tunggal saka Pusat Kurikulum Kemdiknas ibu Hj. Dra Lily Nurlaili, M.Ed nganti jam limo sore. Materine yakuwi mbahas paradigma perubahan kurikulum 2013 lan pendekatan tematik integratif nganggo pendekatan Scientific. Jam  pitu bengi masuk ruangan maneh kanggo kerja kelompok telaah buku tematik kang diterbitna dening Kemdiknas sing dipandu dening kanca-kanca master trainer KPI. Nyata saka telaah kuwi yen buku mau isih perlu penyempurnaan amarga indikator sing setitik ketimbang Kompetensi dasar. Acara dina sepisan nganti jam sanga bengi.
Dina kapindho acarane panggah dimulai jam setengah wolu isuk nganti awan sholat Jum’at. Terus nyambung maneh nganti jam lima sore. Materine yaiku proses penilaian sing kudu diterapna guru ing kegiatan pembelajaran tematik, lan penyusunan RPP tematik sing bener. Bakda isya’ acarane diskusi kelompok kanggo nyusun RPP sing kanggo presentasi dina sesukke. Aku sak kelompok karo direktur Wafa ustadz Ahmad Faiz. Dina kapindho acara ditutup jam setengah sepuluh bengi.
Dina terakhir acara isih tetep dimulai jam setengah wolu isuk nganti penutupan jam lima sore. Acarane yaiku peerteaching, saka tiap kelompok. Acara iki paling seru amarga kang dadi murid yaiku para peserta guru lan tariner uga master trainer saka KPI Surabaya kang wis kondang kaloka ing sekolah-sekolah islam sak nuswantara. Sing maju peerteaching kudu bisa maju kaya RPP sing digawe dhek bengine. Ing kene aku kangelan , ana bagian pembelajaran sing durung tak laksanakna amarga RPPne kanggo sedina, nanging panitia menehi waktu peerteaching mung rong puluh menit. Aku ya tampil peerteaching amarga kancaku sak kelompok yaiku ustadz Ahmad Faiz ora kersa perteaching. Sakwise perwakilan kelompok maju, banjur dipilh papat penampil terapik, yakuwi perwakilan saka SD Al Furqan Jember, SDI Al Ikhlas Lumajang, lan loro SD saka Malang, aku lali jenenge SDne.
Wis acarane gayeng eram pokoke. Sak rampunge acara penutupan, aku karo kancaku packing barang lan sholat magrib sing dijamak karo isya’. Travel wis ngenteni ing ngarepe penginapan. Kancaku siji sing nggawa putrane dijemput karo garwane sing nggawa mobil pribadi, dadi ing jero travel malah saya lodhang. Mobil travel tekan rumah makan “ Bromo Asri ” jam setengah sanga. Banjur padha pesen dhaharan, aku pesen “ nasi goreng Jawa” lan ‘jeruk manis anget”. Saksuwene ngenteni pesenan, aku karo kanca-kanca padha golek oleh-oleh kanggo keluarga sing ditinggal sasuwene telung dina mau. Jam sanga seprapat travel budhal maneh tumuju Jember. Ing dalan tak sempatna turu amarga sesuke kudu mulang. Jam setengah rolas bengi travel tekan Jember. Aku banjur njupuk sepedah sing tak titipna ing daleme ustadz fahri kancaku. Aku tekan omah jam rolas bengi, sing dienteni karo anak lan garwaku. Dina senen sesuke kabeh padha mulang, awak sayah wis ora dirasa maneh. Muga-muga anggonku ngudi kawruh karo kanca-kancaku ing Surabaya ndadekake seserepan sing migunani tumrap pelaksanaan kurikulum 2013 ing sekolahku. Nuwun.